Posted by : Unknown
Senin, 04 Mei 2015
Terjadi percakapan antara bapak dan anak (versi bahasa jawa) :
Bapak : "Le.. Tulung... Bapak tukokno minuman sing dingin ning warung yo.."
Anak : "coca-cola opo seprit,pak?"
Bapak : "Coca-cola wae.."
Anak : "Sing kalengan opo botolan ?"...
Bapak : "Botolan.."
Anak : "Sing botol gede opo sing cilik?"
Bapak : "Ooo... Pancen njaluk di kepruk palu ki bocah !!! Wis tukokno banyu wae!!"
Anak : "Aqua opo banyu biasa ?"
Bapak : "AQUA, cuk!!!!"
Anak : "Panas opo sing anyep?"
Bapak :"SAPU NDI SAPU !! TAK GEPUK'E NDASE BOCAH IKI ??!!"
Anak : "Sapu biting opo sapu duk??"
Bapak : "Oalaah Kewan tenan kowe pancen'e!" (Karo dbalang sandal)
Anak : "Wedus opo Kebo?"
Bapak : "WEDUUSSS, Goblookk!!!"
Anak : "Wedus Cempe opo Bandot??"
Bapak : "Setan kowe!!!!"
Anak : "pocong opo Gendruwo?"
Bapak : "Mbuh lah..., kono minggat wae lah!!"
Anak : "Saiki opo sesuk?"
Bapak : "Saiki, doboL!!"
Anak : "Bapak melu opo ora??"
Bapak : "Asli... suwe2 Tak pateni tenanan bocah iki !!"
Anak : "Ditusuk nganggo peso opo ditembak nganggo pistul??"
Bapak : "Tak tembak !!!"
Anak : "Ndase opo wetenge??"
*Bapak'e skarat kejet2 langsung strooke stadium pitulas... °X_X°